Gambar 1

Gambar 1

Gambar 2

Gambar 2

Kagem Nimas Ayu ingkang Kawula Tresnani

18 Februari 2022 | 11.42 WIB Last Updated 2022-04-08T03:12:17Z

Penulis : Ki Purbo




EVENT | JATIMSATUNEWS.COM: 

Sumber Duren, 17 Pebruari 2022

27 Pebruari 2002, minangka dinten ingkang paling agung tumrap kula kaliyan panjenengan. Wekdal semanten kula kaliyan panjenengan ngadep Pak Naib utawi Penghulu wonten dalemipun simbah Abah Sholeh. Kula lan panjenengan ngaturaken ijab lan qobul minangka aqad resmi kita mangun brayat agung. Panjenengan dipundampingi kaliyan Abah Sunar minangka wali lan ugi dipun sekseni sederek kula lan panjenengan. 

(27 Pebruari 2002 adalah hari yang paling bersejarah bagi kita berdua. Waktu itu kita menghadap Pak Penghulu di rumah kakek Abah Sholeh. Kita mengucapkan ijab qobul sebagai akad resmi pernikahan. Adinda didampingi Abah Sunar sebagai wali dan juga disaksikan oleh saudara kanda dan dinda).

Mboten kraos, rupinipun sampun kalih dasa tahun kula kaliyan panjenengan mangun brayat wonten alam bebrayan punika. Kadosipun taksih kala wingenane anggen kula kaliyan panjenengan angglampahi gesang sesarengan. Mboten nyangka lan ngira bilih anggen kula gesang sesarengan kaliyan panjenengan sampun dumugi kalih dasa tahun.

(Tiada terasa, rupanya telah dua puluh tahun kita membina rumah tangga ini. Sepertinya masih baru kemarin kita hidup bersama. Tidak disangka dan diduga ternyata kita hidup berdua telah sampai masa dua puluh tahun).

Nimas ayu ingkang kula tresnani 

Wonten dinten ingkang minulya punika kula ngaturaken agunging matur sembah nuwun dumateng panjenengan dene punapa panjenengan sampun kersa nampi tresna kawula. Panjenengan sampun nerami kula kanthi ikhlasing penggalih kawontenan kawula. Senaosa panjenengan rumiyin mboten kagungan raos punapa-punapa dumateng kawula, nanging panjenengan saget lila-legawa gesang sesandingan kaliyan kawula. Kula ugi matur sembah nuwun ingkang tanpa upami dumateng panjenengan dene napa panjenengan sampun dados lelantaranipun miyosipun para putra lan putri kawula. 

(Di hari yang mulia ini kanda menyampaikan ungkapan ribuan terima kasih kepada Adinda yang telah menerima cinta kakanda. Adinda telah menerima dengan ikhlas kanda apa adanya. Walaupun dulu Adinda tidak punya rasa apapun kepada kanda, namun Adinda mau menerima dengan ikhlas hidup berdampingan dengan kanda. Kanda juga berterima kasih yang tiada batas kepada Adinda karena telah bersedia menjadi jalan bagi lahirnya putra-putri kanda). 

Nimas ayu ingkang kulo tresnani 

Wonten dinten ingkang bagya mulya punika kula ugi nyuwun agunging samudra pangaksami dumateng panjenengan. Rumiyen panjenengan taksih mangsa ngudi kawruh wonten pondok kaliyan madrasah Aliyah, ananging panjenengan kanthi ujuk-ujuk kula "tembak" wonten ngandhapipun tuwuhan cerry. Kula peksa panjenengan paring jawaban amrat, purun punapa mboten gesang sesandingan kaliyan kawula. Lantaran menikalah panjenengan mboten keturutan punapa ingkang dados gegayuhan panjenengan. Panjenengan kanthi kapeksan sarujuk lan matur purun gesang sesandingan kaliyan kawula. Akhiripun panjenengan pedhot bibinahuipun. Pramila, sepindhah malih kula nyuwun pangapunten ingkang tanpa upami.

Istriku yang aku sayangi 

(Di hari yang mulia ini kanda juga memohon maaf yang tiada terkira kepada Adinda. Dulu Adinda masih dalam usia belajar, mondok dan sekolah madrasah Aliyah, namun secara tiba tiba Adinda kanda "tembak" di bawah pohon cerry. Kanda paksa untuk menjawab pertanyaan berat, mau apa tidak hidup berdampingan dengan kanda. Karena sebab itulah Adinda gagal untuk menggapai cita-cita Adinda. Adinda terpaksa setuju dan bersedia hidup berdampingan dengan kanda. Akhirnya Adinda putus sekolah. Oleh karena itu, sekali lagi kanda mohon maaf yang tiada terkira). 

Nimas Ayu ingkang kawula tresnani

Mungkin ngantos sakmenika penjenengan taksih dereng saget ngraosaken raos katresnan kawula dumateng panjenengan, menika mboten ateges kirangipun raos tresna kula dumateng panjenengan, nanging namung kula ingkang dereng saget mujudaken raos katresnan kawula ingkang agung dumateng panjenengan.

Istriku yang aku cintai

Mungkin sampai saat ini Adinda masih belum bisa merasakan bukti rasa cinta kanda kepada Adinda, ini bukan berarti kurangnya rasa cinta kanda kepada Adinda, namun hanya karena kanda belum bisa mewujudkan besarnya rasa cinta kanda kepada Adinda.

 Nimas ayu ingkang kula tresnani

 Wonten dinten ingkang minulya punika kula namun saged dedunga, mugi-mugi nimas ayu tansah pinaringan rahayu wilujeng, panjang yuswa saha saget nggulawenthah putra lan putri kita sahingga dados putra lan putri ingkang sholeh sholihah. Mugiya katresnan kula lan panjenengan saged langgeng dumugi alam kelanggengan, ngantos wonten swarganipun Allah SWT, Dzat Ingkang Maha Ngudaneni. Aamiiiin.

Adinda yang kanda sayangi

(Di hari yang mulia ini, kanda hanya bisa berdoa, semoga Adinda senantiasa sehat walafiat, panjang umur dan bisa mendidik anak-anak kita sehingga menjadi putra putri yang sholih sholihah. Semoga cinta kita abadi sampai alam akhirat, sampai masuk dalam surga Allah SWT, Dzat yang Maha Mengetahui. Aamiiiin)

Nurul Khomariyah


Oleh Ki Purbo 


Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Kagem Nimas Ayu ingkang Kawula Tresnani

Trending Now