Langsung ke konten
Minggu, 6 September 2026
Headline Officium Nobile Menuju Kepastian, Penyelesaian Problematika Definisi Advokat di Hadapan Mahkamah Konstitusi Tahun 2026 
Nasional

Sethithik Jlentrehe Isine Kembar Mayang

Dening: Y.P.B.Wiratmoko

PUISI I JATIMSATUNEWS.COM

Isine kembar mayang janjane donga, minangka karep lan sedya saka wong kang duwe gawe. 
Kembar mayang iku sepasang yaiku: 
Dewandaru lan kalpandaruu. Yakuwi lambange panguripan.
Unsure kembar mayang.sing pokok digawe saka: 
Janur kang ngemu simbole kang murbeng dumadi
Janur yaiku ngemu makna Jatoning Nur. 
Nur sejati. Cahya suci. Janur terus digawe: 
Keris:  ngemu maksud namengi behaya dongane wong tua lan keluarga. Muga muga anggone mbangun keluarga tansah diayomi GUsti Kang Murbeng Dumadi. 
Walang ; muga muga tansah di tebihake saka alangan. 
Payung: tegese muga tansah diayomi Gusti Kang Mahakuasa.  
Dene sabanjure janur mau uga digawe: ‘manukan:
Manuk; tegese duwe pangajab anggone mbangun keluarga  bisa dadi rukun anggone pepasihan kaya manuk dara  maedahi kanggo kiwa tengene Utawa tangga teparone. 
Puring ngemu karep tansah rukun ora uring-uringan.
Andong  karepe bisa njaga sopan santun andap asor. 
Uler-uleran: gelema nurun panartobating ulet sing Maine uripe rakus, martobat dadi enthung lan kupu, duwe elar, bisa mabur, ngingsep madu.
Suket lancuran. Bisa mikir utawa duwe nalar dawa.  
 Iku mau sepala bab kembar mayang kang minangka adat Jawa. Para luhur jane wis ninggali pitutur kang jatining apik nanging akeh pada ora ngerti karepe.

Komentar Pembaca

Kolom komentar untuk artikel ini sudah ditutup.