Langsung ke konten
Minggu, 4 Oktober 2026
Pulse Hukum Trading dalam Islam: Membaca Kripto dan XAUUSD lewat Al-Qur’an
Nasional

KEKASIH TANPO SELISIH,Tumindak Kalayan Ati Kinasih

PUISI I JATIMSATUNEWS.ONLINE: 

Duh Gusti….kawulo lepat saking kinasih.
Mboten wonten ingkang dados sae.
Mbok menawi dalem lepat amargi wonten jare.
Jare meniko ingkang lajeng ngububi bae.
Inggih sumerep Gusti ingkang tumindak bade.
Mboten wonten ingkang saking gemelete.
Sakmeniko dalem sampun dumugi.
Wonten ing pelataran ipun Gusti…
Nyuwun agungipun pangapunten ing sakjerone ati.
Supados gesang dalem saget ati-ati.
Mboten keseso mlampah wonten radosan ingkang katah eri.
Nengah minggir mboten keseso tur lirih.
Bek menowo kulo wonten lepat dipun panjeri.
Jembaripun pangapuro wonten ing samudro tanpo tepi.
Gusti kinasih ingkang sampun prayogi.
Nyuwun agungipun samudra pangapuntin ingkang sirih.
Kawulo katah saestu aturan ingkang boten pinanggih.
Radosan ingkan sae pinuju dumateng kinasih.
Sampun cekap, dipun waos sae.
Dipun angen-angen lan dipun jalaake remen.
Sampun mekaten atur kawulo sedanten.
Mugi saget paham ular-ular campur sarkem.
Malang, 25 Juni 2021
‘Abd Al Haris Al Muhasibiy

Komentar Pembaca

Kolom komentar untuk artikel ini sudah ditutup.