Gambar 1

Gambar 1

Gambar 2

Gambar 2

Sumelehing Rasa

18 Februari 2022 | 08.46 WIB Last Updated 2022-04-08T03:12:17Z


PUISI | JATIMSATUNEWS.COM:

Dening: Y.P.B Wiratmoko


Sumelehing rasa njalari ati wening. 

Urip dadi tentrem tanpa tandhing. 

Jiwa tinuntun lamat swara dumeling. 

Asung pepeling ngeblak tanpa aling.  


Sumelehing rasa ndudut ati putih. 

Ngrembaka  ing sih  kinarya pepulih 


Sumelehing rasa nuntun nering kalbu 

Nyawiji laku saben wektu 

Kang ginelung amung urip rahayu. 

Caket nugraha adoh ing panyendhu. 


Sumelehing rasa mbuang ati wengis. 

Laku utama ingkang denmemanis. 


/ Punthuk Terong, Mangkujayan Kidul, Widodaren Gerih, Ngawi / 18 Februari 2022

Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Sumelehing Rasa

Trending Now