Pasang iklan disini

 

PUNOPO INGKANG SAE,Tansah Jejeg Tur Mboten Paesan.

Anis Hidayatie
07 Agustus 2021 | 08.44 WIB Last Updated 2021-12-05T00:15:07Z
       Abd Al Haris Al Muhasibiy

PUISI I JATIMSATUNEWS.ONLINE: 
Enjing puniko wonten dawuh saking Gusti.
Menawi tiang sae kedah jejeg tanpo maesi.
Mboten nyulap kados tukang sihir mbola bali.
Abang saget dados ijo amargi wonten ngesahi.
Ingmongko sampun katulis wonten ing ati.
Kados tiang ingkang bingung amargi ngapusi.

Slirane mboten usah mados wonten pundi.
Katah sanget priantun ingkang sampun nengeri.
Mboten sarjono mboten tiang ndeso sami ugi.
Nopo maleh ingkang kasebat dados priyayi.
Malah ingkang dados panutan poro cantri.
Menawi mboten jejeg tur biasa tukang maesi.
Mboten saget dipun anut dados tiang ingkan suci.
Pramilo kedah atos-atos mboten usah ditingali.
Keranten sampun biasa kitab suci dipun khianati.

Mugi-mugi tasek wonten dulur-dulur sak meniko.
Ingkang leres cekelane lan leres pangandiko.
Mboten tukang sulap kangge  mados dunyo brono.
Nopo maleh tiang ingkang kados nyekeli agomo.
Namung ingkang diwoco kalian ingkang dilakoni kok bedo.

Malang, 8 Agustus 2021
'Abd Al Haris Al Muhasibiy
Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • PUNOPO INGKANG SAE,Tansah Jejeg Tur Mboten Paesan.

Trending Now