Nalika Diijoli Lintang

Admin JSN
01 Mei 2023 | 11.48 WIB Last Updated 2023-05-01T04:48:38Z


Puisi | Jatimsatunews.com: Kanggo :                              

Kang Masku Niam

Kang Mas

Nalika penjenengan bakal diijoli lintang

Utawa diganti kelawan srengenge

Malah sak umpomo penjenengan digantiyo dhuwit pisan

Kang Mas, aku tetep mantep marang sliramu 

Amarga...

Karo Sliramu wengi bakal sumunar

Rahina bakal luwih maneka warna 

Tanpa penjenengan,  dhuwit ora ana ajine

Karo penjenengan aku ora rumangsa kurang apa apa 


Kang Mas

Bareng sliramu petenge wengi, tansah Padang bulan 

Panase rino menehi semangat marang jiwa

Udan deres kayane ngajak guyon

Sorote srengéngé ndadèkaké awaké dhéwé tansaya mesra 


Kang Mas, aku kelingan jaman semono

Kanggo aku, penjenengan iku wong kang romantis,

Anyversari, ulang tahun ora nggawa coklat utawa kembang mawar 

Anggonmu gawe kaget marang aku, tansaya dadi bungahing atiku

Rongporsi menyang tanah suci 

Bisikmu; " Diajeng, Kakang bakal nyekel tanganmu nalika sa'i lan thowaf ngubengi Ka'bah

Atiku sing kaku dumadakan encer


Kang Mas,

Sumangga dadi tuwa bebarengan

Bebarengan karo ati rasa bungah

Njaga kapercayan nalika melarat lan sugih, susah utawa bungah 

Tansah menehi semangat nganti tumekaning swarga


 

       Istrimu

        


Versi bahasa Indonesia

To :

Kang Mas Niam


Saat dirimu akan ditukar dengan bintang

Atau ditukar dengan matahari 

Bahkan andai ditukar uang

Sayaaaangku, ku tetap teguh pendirian

Karena ...

Denganmu malam akan bercahaya 

Siang akan lebih berwarna

Tanpamu  uang jadi tak berharga 

Bersamamu aku tak kurang suatu apa 


Kang Mas

Bersamamu gelap malam terasa berbulan purnama 

Panasnya siang memberi semangat jiwa 

Lebatnya hujan seakan mengajak bercanda

Silaunya senja membuat kami semakin mesra 


Kang Mas kuingat saat itu

Bagiku kamu orang teromantis 

anyverseri, ulang tahunku tak kau bawakan coklat atau setangkai mawar 

Kejutanmu membuat hatiku berbunga 

Dua lembar porsi berangkat ke tanah haram

Sambil berbisik, kugandeng tanganmu saat sai dan thowaf mengelilingi Aswat Hajar 

Hatiku yang beku seketika ambyar 


Kang Mas

Mari kita menua bersama 

Beriringan Suka duka  

Menjaga rasa percaya saat miskin kaya

Saling menguatkan sampai sesurga 


                 


         Istrimu

Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Nalika Diijoli Lintang

Trending Now