Kagem Kang Mas Kinasih

Admin JSN
01 Maret 2022 | 18.47 WIB Last Updated 2022-04-08T02:51:16Z
EVENT I JATIMSATUNEWS.COM: Wis sawetara sewindu anggonmu ninggal aku, rikala wayah isuk sakdurunge subuh, 13 Agustus 2013. Jujur, nganti saiki aku isih durung bisa nrimo kasunyatan yen Kang Mas dumadakan ninggal aku lan putri-putrimu. Tanpo pamit nadyan mung sak ukara wae...kejaba soroting mripatmu, kairing esem kepeksan, sing nembe takmangerteni …iku soroting mripat lan esem wekasanmu.  

Ora gampang nglakoni urip tanpa Kang Mas, utamane anggonku ngancani Si Ragil sing wiwit bayi sengojo dak cedhakake Kang Mas, amargo dhawuhe dokter penyakit jantungku, aku mung bisa urip ora luwih saka telung taun bakdo mbabarake Si Ragil. Ananging sakabehing mung gumantung opo kerso lan dhawuhing Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi. Kasunyatane saiki Si Ragil wis umur 28 taun.  Puji syukur, ing wekasane dheweke gelem kuliah maneh, ora suwe sawuse tindakmu. Koyo sing dijanjekake, SI Ragil ngrampungke kuliah S-1 ne mung 3,5 taun, lan cum laude, Kang Mas. Dheweke mbuktekake yen sejatine bisa koyo si mBarep. Oh iyo Kang Mas, Si Ragil ganthilaning atimu ugo wis daup karo adhi-kelase sing wis nJenengan tepangi lan sarujuki. 

Kang Mas, kepareng aku saiki crito bab Si mBarep. Puji Gusti, dheweke ugo wis lulus S-2 ne olehe lulus beasiswa. Sing dalam negeri lulus kanthi predikat summa cumlaude, sing luar negeri cum laude. Bocah-bocah wis dak wanti-wanti yen kabeh iku mung margo sih katresnaning Gusti Allah. Ora perlu ndadak diunggul-unggulake. Sing penting piye iso migunani tumrap sapodho-padhane.

Kang Mas, ora suwe sak wuse tindakmu, Gusti Allah ngirimake sawijining panglipur kanggo aku. Sanadyan ora bisa nglindhih panggonanmu ning atiku, lan rasane ora ono sing biso nggantekake Kang Mas ing sak wekasane uripku, sak ora-orane….isih ono sing gawe guyuku, gawe bungahe atiku rikolo aku ngersulo, nangis lan kroso ijen tenanan. Iyo, Putumu….Kang Mas, Aku biso mbayangake, umpamane Kang Mas ora lungo ninggalake aku, Kang Mas mesthi luwih tresno marang dheweke tinimbang marang aku lan liya-liyane. Lan dheweke yo mesthi bungah banget amargo Kang Mas luwih sabar lan gumati. Opo maneh dheweke ugo seneng musik, seneng nggambar lan liya-liyane persis koyo Kang Mas.  

Kang Mas, sawetoro wengi iki aku tansah ngimpi kepanggih Kang Mas…. Nanging Kang Mas ora nate kerso ngendiko 
opo-opo kejobo mung mesem. Aku kepengin mlayu, nyelehake sirahku lan nelesi dadamu karo luhku, madulake opo 
wae sing dak alami saksuwene mbok tingalake. Ananging aku ora nate kasil. Pramila, lumantar layang iki kepareng aku nyritakake sawetara crito, ora lali kepareng aku maturnuwun tumrap katresnanmu marang aku, Kang Mas.  
Klebu sakabehing pangurbananmu lan nrimakake sakabehe kekuranganku, tanpo nate kanthi sengojo nglarani aku, secoro lair wah batinku kejobo crito wekasanmu, sing dak akoni kabeh iku amargo kurange wektuku kanggo Kang Mas. 
Nganthi Kang Mas nyuwun pangapuraku lumantar para mitramu. Wis dak apuro, Kang Mas. Aku ugo nyuwun
agunging pangapuramu tumrap sakkabehing atur ukoro, luwih-luwih tumindakku sing gawe gelaning penggalihmu, 
Saumpomo bisa, aku bakal ngemis Gusti Allah supoyo Kang Mas bisa bali ing sisihku….Nanging kasunyatane 
wis ora bisa, amarga Kang Mas wis luwih tentrem ing saksisihing Gusti Allah sing luwih nresnani Kang Mas…
Mugo-mugo, aku isih kumanan panggonan ing sisihmu yo, Kang Mas…
Ing sak sisihing Gusti Kang Mohoasih lan Moho Pangaksami….Aamiin. 

Pojoking Omah Mepet Sawah, 28 Februari 2022, jam 21.35
Nien Santoso



TERJEMAHAN:

Untuk Kakanda Terkasih,
Sudah sekitar sewindu kau meninggalkanku, di saat pagi sebelumsubuh, 13 Agustus 2013. Jujur, sampai sekarang aku belum bisa menerima kenyataan bahwa Kakanda tiba-tiba meninggalkanku dan putri-putrimu. Tanpa pamit, meskipun hanya satu kalimat saja…kecuali sorot mata bersama senyum terpaksa, yang baru kusadari itulah sorot mata dan senyum terakhirmu.

TERJEMAHAN:

Untuk Kakanda Terkasih,
Sudah sekitar sewindu kau meninggalkanku, di saat pagi sebelumsubuh, 13 Agustus 2013. Jujur, sampai sekarang aku belum bisa menerima kenyataan bahwa Kakanda tiba-tiba meninggalkanku dan putri-putrimu. Tanpa pamit, meskipun hanya satu kalimat saja…kecuali sorot mata bersama senyum terpaksa, yang baru kusadari itulah sorot mata dan senyum terakhirmu.

Tidak mudah menjalani hidup tanpa Kakanda, utamanya saat harus mendampingi Si Bungsu yang sejak bayi sengaja kudekatkan Kakanda, karena menurut dokter penyakit jantungku memungkinkanku hanya bertahan hidup tidak lebih dari tiga tahun setelah kelahiran Si Bungsu. Tetapi semuanya tergantung kehendak dan kata Tuhan Sang Maha Pencipta. Kenyataannya saat ini Si Bungsu sudah berusia 28 tahun. Puji syukur, akhirnya dia mau kuliah lagi, tidak lama setelah kepergianmu. Seperti komitmennya, SI Bungsu menyelesaikan kuliah S-1 nya hanya dalam waktus 3,5 tahun dan cumlaude, Kakanda. Dia membuktikan bahwa sebenarnya bisa seperti Si Sulung. Ohya Kakanda, SI Bungsu buah hatimu juga sudah menikah dengan adik kelasnya yang juga sudah Kakanda kenal dan restui.

Kakanda, ijinkan aku sekarang juga menceritakan tentang si Sulung. Puji Tuhan, dia  juga sudah lulus S-2 nya mendapatkan beasiswa. Yang dalam negeri lulus dengan predikat summa-cumlaude, yang dalam negeri cumlaude. Anak-anak sudah kupesan bahwa semuanya itu terjadi karena Kasih Tuhan. Tidak perlu kemudian disombongkan. Yang penting bagaimana bisa bermanfaat bagi sesamanya. 

Kakanda,tidak lama setelah kepergianmu, Tuhan mengirimkan seorang penghibur buatku. Meskipun tidak bisa menempati posisimu di hatiku, dan rasanya tidak ada yang mampu menggantikan Kakanda sampai seumur hidupku, setidaknya….masih ada yang bisa membuatku tertawa, membuat bahagia hatiku di saat aku merasa nelangsa, menangis dan benar-benar merasa sendiri. Iya,Cucumu….Kakanda. Aku bisa membayangkan, seumpama Kakanda tidak pergi meninggalkanku,Kakanda pasti lebih menyayanginya daripada kepadaku dan lainnya. Dia juga pasti bahagia sekali karena Kakanda lebih sabar dan perhatian. Apalagi dia juga senang bermain music, menggambar dan lainnya persis seperti Kakanda.

Kakanda, beberapa malamini aku selalu bermimpi ketemu Kakanda…. Namun Kakanda tidak pernah mau bicara apapun kecuali hanya tersenyum. Ingin ku berlari, menghamburkan kepalaku dan membasahi dadamu dengan airmataku, mencurahkan semua yang kualami selama kau tinggalkanku. Tapi tak pernah mampu aku menggapaimu. Oleh karenanya, melalui suray ini ijinkan aku menceritakan beberapa hal, tidak lupa aku juga berterimakasih atas cinta kasihmu kepadaku,Kakanda. Termasuk segenap pengorbananmu yang telah menerimaku dengan segala kekuranganku, tanpa pernah dengan sengaja melukai aku, baik lahir maupun batinku kecuali di saat terakhirmu, yang kusadari semua terjadi karena kurangnya waktuku untuk Kakanda. Sampai Kakanda memohon maafku melalui sahabat-sahabatmu. Sudah kumaafkan,Kakanda. Aku juga mohon ampunanmu atas segala ucap dan lakuku yang mengecewakan hatimu. 
Andai kubisa, aku akan mengemis kepada Tuhan agar Kakanda kembali mendampingiku…
Namun kenyataannya sudah tidak mungkin lagi, kerna Kakanda sudah nyaman berada di sisi Tuhan yang lebih mencintaimu….
Semoga masih tersisa tempatku di sisimu,Kakanda…
Di sisi Tuhan Yang Mahakasih dan Maha Pengampun…. Aamiin.
Sudut Rumah Mepet Sawah, 28 Februari 2022, jam 21.35
Nien Santoso

Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Kagem Kang Mas Kinasih

Trending Now