Gambar 1

Gambar 1

Gambar 2

Gambar 2

Kanggo Kangmas Nursodiq, Bapake Bocah-bocah Kang Tak Tresnani

18 Februari 2022 | 08.23 WIB Last Updated 2022-04-08T03:12:17Z

Penulis: Siti Nazarotin 

EVENT | JATIMSATUNEWS.COM:

(Kepada Mas Nursodik, Bapaknya anak-anak yang Kucintai)


Assalamualaikum warahmatullahi wa barakatuh

Ora krasa, genep 26 tahun awake dewe urip bebrayan. (Tanpa terasa, genap 26 tahun kita hidup berumah tangga). Susah seneng wes dilakoni. (Suka duka sudah dijalani). Maneka warna cobaan wes khasil dilewati. (Berbagai cobaan sudah berhasil dilewati). Awit bocah-bocah isih cilik tumekaning saiki. (Semenjak anak-anak masih kecil hingga saat ini). Sliramu tansah gawe atiku tenang. Ora ana pikiran sumelang. (Kau selalu membuat hatiku tenang, tidak ada pikiran khawatir)

Saiki bocah-bocah wes gede. (Sekarang anak-anak sudah besar) Cah bagus Si Mbarep wes nyambut gawe. (Anak Ganteng Si Sulung sudah bekerja). Wes iso ngringanake lan biyantu menawa bapa ibune butuh. (Sudah bisa meringankan dan membantu bila Ayah dan Ibunya Membutuhkan). Uga sering aweh sangu menyang adine, yaiku gendhuk wuragil kang saiki kelas 2 SMA. (Juga sering memberi uang saku pada adiknya, yakni Si Bungsu yang sekarang duduk di bangku kelas 2 SMA).

Uripe awake dewe saiki kenek diarani wis makmur. (Kehidupan kita sekarang bisa dibilang sudah berkecukupan). Pingin nduwe iki, iso tuku. (Ingin punya ini bisa membeli).  Pingin nduwe kuwi, iso kaleksanan. (Ingin punya itu, bisa terlaksana). Sasat kabeh pepinginan iso keturutan. (Seakan-akan semua keinginan bisa kita wujudkan).

Kabeh kahanan iki, ora liya saka anugerahing Gusti Allah Kang Maha Welas Asih marang umate. (Semua ini tidak lepas dari anugerah Allah Yang Maha Pengasih dan Penyayang kepada hambaNya). Mula kahanan iki kudu tansah disyukuri, kanthi cara ditingkatake anggene ngibadah lan ngokeh-ngokehne sedekah. (Oleh karena itu keadaan ini harus selalu disyukuri, dengan cara meningkatkan ibadah dan memperbanyak sedekah).

Matur suwun, sliramu wes dadi imamku, kanthi keluwihan lan kekuranganmu, wes khasil mbina rumah tangga kanthi apik, dadi mitraku ndidik bocah-bocah. (Terima kasih, engkau telah menjadi imamku, dengan segala kelebihan dan kekuranganmu, sudah berhasil membina rumah tangga dengan baik, menjadi mitraku dalam mendidik anak-anak).

Tak suwun, sliramu tetep dadi imam kang teges tur ora neka-neka kaya wingi-wingi. (Saya harap, engkau tetap menjadi imam yang tegas dan tidak macam-macam seperti yang kemarin-kemarin). Kareben iso diteladani bocah-bocah, mbesuk yen wes dewasa lan wayahe omah-omah. (Agar bisa diteladani anak-anak, nanti ketika mereka sudah dewasa dan waktunya berkeluarga)

Panyuwunku marang Gusti Allah, muga-muga rumah tanggane awake dewe, sakinah, mawaddah  wa rahmah, selawase. (Doaku kepada Allah SWT, semoga rumah tangga kita, tenang, diliputi rasa kasih sayang dan cinta, selamanya).

Muga-muga awake dewe pinaringan panjang umur, tansah sehat lahir tumekaning batin, pinaringan rezeki luwih tur barokah. (Semoga kita diberikan umur yang panjang, selalu sehat lahir dan batin, mendapat rezeki yang lebih dan berkah).

Muga-muga bocah-bocah dadi bocah sing salih lan salihah, mituhu marang bapa ibu, migunani tumrap nusa, bangsa lan agama. (Semoga anak-anak menjadi anak yang salih dan salihah, berbakti kepada orang tua, berguna bagi nusa, bangsa dan agama).

Mung iku panyuwunku marang Gusti Allah. Muga-muga kinabulan. Aamiin. (Hanya itu doaku kepada Allah). (Semoga terkabul) (Aamiin).

Cukup sakmene disik, uneg-uneg sing tak sampekne menyang sliramu. (Sekian dulu, isi hati kusampaikan padamu). Menawa ana tembungku kang kurang mahanani marang atimu, aku nyuwun pangapura. (Bila ada kalimat yang kurang berkenan di hati, aku minta maaf).



Teka aku, Ibune anak-anakmu

(Dariku, ibu dari anak-anakmu)

Siti Nazarotin


Wassalam

Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Kanggo Kangmas Nursodiq, Bapake Bocah-bocah Kang Tak Tresnani

Trending Now