Kagem Kangmas Suhanto bapake Anak lanang, prio sing dadi gegantilaning atiku.

Admin JSN
26 Februari 2022 | 13.37 WIB Last Updated 2022-04-08T03:12:17Z
EVENT I JATIMSATUNEWS.COM: Assaalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh "

Ing wulan katresnan puniko, kulo kepingin nyerat nawolo kangge simah kulo, ingkang isinipun serat dados sulihipun manah.

Mugi sedayanipun damel manah Panjenengan bingah. Amargi, selami awakipun piyambak cecaketan dumugi bebrayan, kulo mboten nate ngaturaken raos tresno saklimrahipun pasangan ingkang nandang wuyung.

Kangmas, kulo ngaturaken sembah nuwun, gangsal welas tahun kepengker panjenengan ngelamar kulo ndadosaken garwo(sigaraning nyowo) amargi ningali  BOBOT-BIBIT lan BEBET.

Panjenengan ugi ngendiko, perkawis kasebat kangge dasar milih wanito ingkang bade kagarwo.

Tigang perkawis artosipun kirang langkung:

BOBOT: Kulo wanito ingkang anggadahi manah sae, ugi lembah manah.

BIBIT: Artosipun kulo meniko ugi keturunan saking tiyang sepuh ingkang sae lahir batosipun.

BEBET: Kirang langkung artosipun kito sami dados ummatipun Gusti Allah, ingkang anggadahi iman lan takwa dumateng Gusti ingkang Akaryo Jagat.

Kangmas, kulo rumaos  bingah. Matur sembah nuwun, sampun ndadosaken sempalaning jiwo rogo.
Panjenengan ugi dados imam ingkang sae lan setyo tuhu njejeri gesang ingkang kathah pacoban. 

Sekhathaing pacoban gesang rikolo bingah lan susah, kito lampahi kanthi sabar lan ikhlas tetep nyawiji.

Sedoyo upoyo meniko ngasilaken, alkhamdulillah. Gusti Allah paring kanugrahan ugi rezeki kathah. Salah satunggaling rezeki puniko inggih Putro ingkang sholeh. 

Pramilo sampun sepantesipun awakipun piyambak ngaturaken panuwun dumateng Gusti, ingkang paring nikmat kanthi ningkataken ibadah ugi ngengathahi sedekah ing wekdal wiar ugi ciut.

Kangmas, monggo memuji, mugi Gusti maringi rezeki ugi ngridhoi lan ndadhosaken kito keluargi sakinah, mawadah, warohmah dumugi Jannah. Aamiin.

Cekap semanten seratan kulo kagem panjenengan ing wulan katresnan meniko.

Nyuwun pangapunten mbok bilih wonten atur ingkang mboten mranani ing penggalihipun Kang mas.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Saking kulo, sempalaning jiwo, inggih ibunipun keng putro

Yuliyanti


Klaten, 26 Februari 2022.

 
Terjemahan Bahasa Indonesia

Kepada Mas Suhanta, bapaknya Nak nang, pria yang menjadi tambatan hatiku.

Assaalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Di bulan kasih sayang ini, aku ingin menulis surat untuk suamiku, yang isinya mewakili    hati.

Semoga semuanya membuat hatimu bahagia. Sebab, selama kita berdekatan sampai menikah, aku tak pernah mengatakan kata cinta layaknya pasangan muda yang dimabuk asmara.

Mas, aku ucapkan terima kasih, lima belas tahun lalu engkau melamarku menjadikan belahan jiwa. Sebab melihat BOBOT-BIBIT dan BEBET.

Mas juga bilang, perkara tersebut sebagai dasar memilih wanita yang akan dinikahi. Tiga perkara artinya kurang lebih:

BOBOT: Aku wanita yang mempunyai hati baik, dan rendah hati.

BIBIT: Artinya, aku ini juga keturunan dari orangtua yang baik lahir batinnya.

BEBET: Kurang lebih artinya, kita sama-sama menjadi ciptaan Tuhan yang mempunyai iman dan takwa kepada Allah Yang Maha Esa.

Mas, hatiku merasa  bahagia. Terima kasih  sudah menjadikan aku belahan jiwa. Mas juga menjadi imam terbaik dan setia mendampingi hidupku yang penuh cobaan. 

Banyaknya cobaan hidup kala senang dan susah, kita jalani dengan sabar dan ihklas tetap bersatu.

Semua usaha yang membuahkan, alhamdulillah. Allah memberi keberkahan juga nikmat yang melimpah. Salah satunya rezeki yaitu anak yang sholeh.

Maka, sudah semestinya kita menyampaikan terima kasih kepada Allah yang memberi nikmat dengan meningkatkan ibadah dan memperbanyak sedekah di waktu luas dan sempit.

Mas, mari berdoa semoga Allah melimpahkan rezeki, juga meridhoi serta menjadikan kita keluarga sakinah, mawadah, warohmah hingga ke jannah. Aamiin.

Cukup sekian goresanku, untukmu di bulan kasih sayang ini. Mohon maaf bila ada kata yang tak berkenan di hatimu, mas.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Dariku, belahan jiwa, ya ibunya anakmu.

Yuliyanti
Klaten, 26 Februari 2022
Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Kagem Kangmas Suhanto bapake Anak lanang, prio sing dadi gegantilaning atiku.

Trending Now